Wasiate Simbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.
Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok
ambekan, raine pucet, tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno [...]

Njaluk Karo Jin

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole
dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.
“Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,” jare jine.
“Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki [...]

Diarani Karambol

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.
Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.
Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.
“Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik.” jare
Sudjak ndhik bekas pacare.
Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.
“Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?” bojone [...]

Bojone Babaran

Bojone Turkan mbobhot guedhe, wis kari ngitung dino.
Jare konco-koncone, onok dukun sekti jenenge Wak So sing isok mindahno
lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.
Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare konco-koncone.
Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.
Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone wong babaran.
Gawe [...]

Bakul Bakwan Mati

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.
“Aku ngimpi mbah Kakung mati …” jare anake.
“Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi” jare cak Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung,
mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.
“Aku ngimpi mbah Putri mati….” jare anake.
“Wis tha percoyo aku, iku [...]