Sakwijining Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku.
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung
nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.
Jarene ngene ”Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cle anerku iki gak isok nyedot,
tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku.”
Jare ewangku “Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?”.
“Lho opoko masalae ?” salesmane takok.
“Lha peno [...]

Rasa Stroberi Thah?

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.
Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek
mbedhek,
“Isine kembang yo….”.
“Seratus buat bu guru..” jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone
dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.
“Isine permen yo…”.
“Pinter bu guru..” jare anake wong dhodhol [...]

Obat Ngentutan

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
“Opoko sampeyan ning ?” Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, “Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu
ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku longgo ndhik
ngarepe sampeyan ae wis ping telu [...]

Ngombe Avtur

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian
pengisian BBM Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun,
wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.
“Adem-adem ngene enake ngombe yo” jare Uwar.
“Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe ?” jare
Joko.
“Yo tau se, jarene lek [...]

Numpak Kreto Argowilis

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.
Sebelahe tentara mau onok arek [...]